
Temenana anggonmu ngaji
Mumpung durung katekanan
Malakat Juru Pati
Luwih lara luwih susah
Rasane wong ana neraka
Klabang kores kala jengking
Klabang geni, ula geni
Rante geni, gada ya geni
Cawisane wong kang dosa
Kang mbangkang dhawuh Pengeran
Kang mbangkang dhawuh Pengeran

Rasane wong ana suwarga
Pitung puluh loro midadari
Kasur babut, permadani
Cawisane wong kang bekti
Dhawuh Pangeran Kang Maha Suci
Laa ilaaha illallaah
Muhammadur Rasulullah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar